Ezekiel 6:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan kowé bakal weruh, yèn Aku kuwi GUSTI, ya kuwi waktu wong-wongé sing dipatèni pada pating glémpang ing tengahé para brahalané ing sak ubengé mesbèh-mesbèhé, ing saben puntuk sing duwur lan ing saben putyuké gunung, ing sak ngisoré saben wit sing ngrembuyung, ing saben wit terbantin sing ngrempayak, panggonané sing kanggo nganakké kurban sing apik marang kabèh brahalané.