Ezekiel 7:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Slaka dibuwangi ing dalan lan emasé bakal dianggep reget. Emasé lan slaka ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebenduné GUSTI. Bakal pada ora bisa mareki lan ora bisa ngisèni wetengé. Awit kuwi dadi sandungan sing njalari tibané ing kesalahan.