Ezra 1:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sakehing piranti mas lan selaka iku gunggunge limang ewu patang atus. Iku kabeh digawa Sesbazar, nalika para wong buwangan mau padha kairid mulih saka ing tanah Babil menyang ing Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh piranti emas lan slaka kuwi gunggungé 5.400. Kuwi kabèh digawa Sèsbasar, waktu para wong buwangan pada dituntun mulih sangka negara Babèl menyang Yérusalèm.