Ezra 10:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging tiyang-tiyang punika kathah sanget cacahipun tur sapunika saweg mangsanipun jawah, temah tiyang sami boten betah ngadeg wonten ing jawi. Punapa malih padamelan punika boten saged rampung salebetipun sadinten kalih dinten, amargi ing bab punika kula sampun sami nglampahi panerak kathah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong-wong kuwi okèh banget tyatyahé tur saiki ijik waktuné udan, nganti wong pada ora betah ngadek ing njaba. Apa menèh penggawéan kuwi ora bisa rampung njeruhné sedina rong dina, awit bab kuwi kula wis pada nandangi panerak okèh.