Ezra 10:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging para wong sing bali sangka pembuwangan kuwi pada nglakoni mengkono. Ezra terus milih wong, ya kuwi para pengarepé kulawargané, siji-sijiné kanggo brayaté, kabèh pada diarani jenengé. Kuwi waktu sasi sepuluh tanggal sepisan terus pada ngumpul nitipriksa perkara kuwi.