Ezra 10:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuli Sekhanya bin Yehiel, panunggalane bani Elam, matur marang Imam Ezra: “Kawula sampun sami nglampahi pandamel ingkang boten setya dhumateng Gusti Allah kawula, margi kawula sami sesemahan kaliyan tiyang estri sanes bangsa ing tanah ngriki. Ewasamanten ing samangke inggih taksih wonten pangajeng-ajeng tumrap Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus Sekanya anaké Yehièl, tunggalé turunané Elam, ngomong marang imam Ezra: “Kula wis pada nandangi penggawé sing ora setia marang Gusti Allah kula, awit kula pada bebojoan karo wong wadon bangsa ing tanah kéné. Nanging saiki ya ijik ana pengarep-arep kanggo Israèl.