Ezra 10:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingkang punika sumangga samangke sami ngawontenaken prajanjian kaliyan Gusti allah kita, manawi badhe ngesahaken tiyang estri punika sadaya dalah anak-anakipun ingkang kalairaken, miturut pitedah panjenengan saha para tiyang ingkang gumeter ajrih dhateng pepakening Allah kita, saha lajeng sami tumindaka miturut ing angger-anggering Toret.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kuwi hayuk saiki pada nganakké perjanjian karo Gusti Allah kita, yèn bakal nglungakké wong wadon kuwi kabèh uga anak-anaké sing dilairké, miturut pinuntun sampéyan lan para wong sing gemeter wedi marang pepakoné Allah kita, lan terus pada tumindaka miturut ing angger-anggeré Torèt.