Ezra 3:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Klawan sesauran anggone padha ngidungake repen pepujian lan pangucap sokur kagem Sang Yehuwah: “Amarga Pangeran iku asih darma! Sih-susetyane iku langgeng tumrap Israel!” Lan wong saumat kabeh padha surak-surak sora kalawan memuji marang Sang Yehuwah, awit padalemane Pangeran Yehuwah wus tinalesan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Karo saut-sautan enggoné pada ngidungké pamuji lan tembung sukur kanggo GUSTI: “Awit Gusti kuwi betyik! katrésnan-Né kuwi langgeng kanggo Israèl!” Lan wong sak umat kabèh pada surak-surak banter karo memuji marang GUSTI, awit omahé GUSTI wis diwiwiti dibangun.