Ezra 4:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih tiyang Yahudi ingkang sami bidhal saking ngarsa dalem dhateng ing panggenan kawula punika sampun sami dumugi ing Yerusalem. Tiyang-tiyang wau sapunika saweg mbangun kitha ingkang tiyangipun sami duraka lan dursila punika, sami ndandosi balowartinipun sarta nyantosakaken tetalesipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya dingertèni karo ratu, yèn wong Ju sing pada budal sangka ngarepé sampéyan menyang panggonan kita, kuwi wis pada teka ing Yérusalèm. Wong-wong iki saiki ijik mbangun kuta wongé pada ala lan dursila kuwi, pada ndandani témboké lan nguwatké dasaré.