Ezra 4:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
supados kawontenaken panitipriksa ing serat babadipun para leluhur dalem. Panjenengan dalem lajeng badhe manggih ing serat babad ngriku sarta badhe nguningani bilih kitha punika pancen sampun dados kitha duraka, ingkang tansah njalari pitunanipun para ratu tuwin ing dhaerah-dhaerah, punapa malih tiyang isinipun sampun wiwit kina mila tansah ngwontenaken pageger, ngantos kitha punika dados risak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
supaya dianakké lan dipréksa ing layang bukuné para leluhuré. Sampéyan terus bakal olèh ing layang bukuné kono lan bakal weruh yèn kuta kuwi pantyèn wis dadi kuta duraka, sing tansah njalari sangsarané para ratu lan ing distrik-distrik, apa malih wong-wongé wis wiwit jaman mbiyèn tansah nganakké mbruntak, nganti kuta kuwi dadi rusak.