Ezra 4:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Zerubabel lan Imam Yesua tuwin para kepalaning kulawangsane Israel liyane iku padha calathu marang wong-wong mau: “Ing sarehne punika urusan kula piyambak, bab mbangun padaleman kagem Gusti Allah kula punika, mila kula piyambak ingkang badhe sami mbangun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kados ingkang sampun kadhawuhaken dhateng kula sadaya dening Sang Prabu Koresy, ratu ing nagari Persia.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Sérubabèl lan imam Yésua lan para penggedéné brayaté Israèl liyané kuwi pada ngomong marang wong-wong mau: “Awit iki urusan kita piyambak, bab mbangun griya kanggo Gusti Allah kita kuwi, mila kita piyambak sing bakal pada mbangun kanggo GUSTI, Gusti Allahé Israèl, kaya sing wis dipréntahké marang kita karo Korèsy, ratu ing negara Pèrsia.”

Recommended Reading