Ezra 5:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tiyang wau tumunten sami mangsuli dhateng kawula, tembungipun makaten: Kula punika sami abdinipun Gusti Allahipun langit lan bumi, punapa dene kula mbangun malih padaleman ingkang sampun kaadegaken pinten-pinten taun saderengipun punika, kaadegaken saha karampungaken dening satunggaling ratunipun Israel ingkang agung.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong iki terus pada nyauri marang kita, tembungé mengkéné: Kita kuwi para abdiné Gusti Allahé langit lan bumi, nanging kita mbangun malih omah sing wis diedekaké pirang-pirang taun sak durungé kuwi, diedekaké lan dirampungké karo salah sijiné ratuné Israèl sing gedé.