Ezra 5:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Malah sadaya pirantosing padalemaning Allah ingkang arupi mas tuwin selaka, ingkang suwaunipun dipun pundhuti Sang Prabu Nebukadnezar saking padaleman suci ingkang wonteng ing Yerusalem ingkang lajeng kalebetaken ing padaleman suci ing Babil, punika ugi sami kapundhut Sang Prabu Koresy saking padaleman suci ing Babil lan dipun pasrahaken dhateng tiyang ingkang nama Sesbazar ingkang sampun kawisudha dados bupati.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Malah kabèh pirantiné griyané Gusti Allah sing rupa emas lan slaka, sing sak durungé dijukuki Nebukadnésar sangka griya sutyi ing Yérusalèm terus dilebokké ing griya sutyi ing Babèl, kuwi uga pada dijikuk Korèsy sangka griya sutyi ing Babèl lan dipasrahké marang wong sing jenengé Sèsbasar sing wis diangkat dadi bupati.