Ezra 5:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pramila manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena dhawuh dalem nitipriksa ing gedhong raja-brana kagungan dalem Sang Prabu ingkang wonten ing Babil ngriku, punapa sayektos wonten dhawuh dalem Sang Prabu Koresy, supados mbangun padalemaning Allah wonten ing Yerusalem wau. Wasana kekancingan dalem Sang Prabu tunrap prekawis punika mugi lajeng kaparingna dhumateng kawula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané yèn ana kepénginan karepé ratu, supaya anaa préntah ditliti ing gedong banda duwèké ratu ing Babèl kono, apa tenan ana préntahé Korèsy, supaya mbangun griyané Gusti Allah ing Yérusalèm iki. Sak terusé putusané ratu kanggo perkara kuwi tenan terus dikèkké marang kita.”