Ezra 5:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yahuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya dingertèni karo ratu, yèn kita wis pada teka ing negara Yéhuda, ing griyané Gusti Allah sing Mahaluhur. Omah kuwi ijik dibangun nganggo watu sing gedé-gedé lan témboké dilapis karo kayu lan anggèné nindakké penggawéan kuwi karo tenan, lan kerjanané ditandangi lantyar.