Ezra 6:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak pututsan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Gusti Allah sing wis ngarepké asmané manggon ing kono kuwi, supaya ngembrukné saben ratu lan saben bangsa sing ngelungké tangané arep nerak putusan iki, lan ngrusak griyané Gusti Allah ing Yérusalèm kuwi. Aku Darius, sing ngumumaké préntah iki. Kudu digatèkké tenan.”