Ezra 6:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah mau nganggo nyaosake kurban arupa sapi lanang satus, wedhus gembel lanang rong atus lan cempe wedhus gembel patang atus, sarta minangka kurban pangruwating dosa kanggo wong sabangsa Israel kabeh arupa wedhus berok lanang rolas, miturut cacahe talere Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Enggoné ngresmèkké griyané Gusti Allah mau nganggo masrahaké kurban rupa sapi lanang 100, wedus gèmbèl lanang 200 lan tyempé wedus gèmbèl 400, lan kanggo kurban ngluwari dosa kanggo wong sak bangsa Israèl kabèh rupa wedus lanang rolas, miturut tyatyahé taler Israèl.