Ezra 6:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Piyagem: Ing taun kapisan jamanipun Sang Prabu Koresy, Sang Prabu Koresy ndhawuhaken prentah makaten: Bab padalemaning Allah ing Yerusalem. Padaleman iku kabanguna maneh minangka panggonane wong nyaosake kurban sembelehan lan kurban genenan, dhuwure gedhong sawidak asta lan ambane sawidak asta.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Ing taun kaping pisan jamané Korèsy, Korèsy mréntahké préntah mengkéné: Bab griyané Gusti Allah ing Yérusalèm. Omah kuwi bangunen menèh kanggo panggonané wong masrahaké kurban sing dibelèh lan kurban bakaran, duwuré gedong suwidak éluh lan ambané suwidak éluh.