Ezra 8:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing wektu iku uga wong kang wus padha bali saka ing tawanan, yaiku kang wus padha bali saka ing pambuwangan mau banjur padha nyaosake kurban obaran marang Gusti Allahe Israel arupa sapi lanang rolas kanggo wong Israel sabangsa kabeh, wedhus gembel lanang sangang puluh nenem, cempe wedhus gembel pitung puluh pitu, lan wedhus berok lanang rolas kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh padha kanggo kurban obaran katur marang Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi uga wong sing wis pada bali sangka tawanan, ya kuwi sing wis pada bali sangka pembuwangan mau terus pada masrahaké kurban obongan marang Gusti Allahé Israèl rupa sapi lanang rolas kanggo wong Israèl sak bangsa kabèh, wedus gèmbèl lanang sangang puluh enem, tyempé wedus gèmbèl pitung puluh pitu, lan wedus lanang rolas kanggo kurban ngluwari dosa, kabèh pada kanggo kurban obongan dipasrahké marang GUSTI.