Ezra 9:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, Panjenengan kuwi Mahaadil, awit kita pada ijik dililani tetep urip kaya déné wong sing utyul, kaya sing klakon ing dina iki. Saiki kita pada nemoni ing ngarepé Panjenengan, karo nggawa kesalahan kita. Nanging sakjané ing njeruhné kahanané sing mengkéné iki, ora ana wong sing bisa tetep urip ing ngarepé Panjenengan.”