Galatians 1:10 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku iki ora nuruti karepé manungsa, ora, nanging aku manut karepé Gusti Allah. Aku ora nggolèk lemlemané manungsa. Nèk aku kepéngin dielem manungsa aku ora bisa dadi peladèné Kristus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dadi kepriyé saiki: sing tak golèki kuwi senengé manungsa apa senengé Gusti Allah? Apa aku ngupaya nggawé senengé manungsa? Yèn aku ijik kepéngin nggawé senengé manungsa, dadi aku duduk abdiné Kristus.