Galatians 2:14 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging kadung aku nitèni nèk sing ditindakké karo rasul Pétrus lan sedulur-sedulur liyané kuwi ora tyotyok karo piwulang sangka kabar kabungahané Gusti Yésus, aku terus nyenèni rasul Pétrus nang ngarepé wong okèh kono. Aku ngomong ngéné: “Senajan kowé kuwi wong Ju, nanging kowé déwé wis ora nurut pernatané wong Ju. Lah kok kowé arep meksa wong sing dudu Ju kongkon urip kaya wong Ju.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bareng aku ngerti tumindaké kuwi ora tyotyok karo kabenaran Injil, aku ngomong marang Kéfas ing ngarepé wong kabèh: “Yèn sampéyan, wong Ju, urip kaya wong kapir lan ora kaya wong Ju, kepriyé sampéyan kok arep meksa sedulur-sedulur kapir supaya urip kaya wong Ju?”