Galatians 3:15 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para sadulur, becike aku daknganggo conto padinan. Sawijining wasiyat kang wus kaabsahake iku, sanadyan ta saka manungsa, ora ana wong kang bisa mbatalake utawa nambahi.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur! Saiki arep tak dunungké karo gambar sing luwih gampang. Nèk ènèng wong loro pada setuju ing sakwijiné prekara, wong loro kuwi terus nggawé prejanjian lan prejanjian kuwi terus ditanda-tangan. Senajan namung prejanjiané manungsa, nanging nèk wis ditanda-tangan prejanjian iku ora kenèng dipedot lan ora kenèng ditambahi apa-apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para sedulur, betyiké aku tak nganggo tyonto urip sedina-dina. Layang perjanjian sing wis disahké kuwi, senajan sangka manungsa, ora ana wong sing bisa mbatalké utawa nambahi.