Galatians 3:17 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wus kaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa dibatalake dening angger-anggering Toret, kang lagi ana sawuse patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, aku sakjané arep ndunungké apa marang kowé? Aku ndunungké iki: Gusti Allah wis nggawé prejanjian lan Dèkné janji nèk bakal netepi prejanjian kuwi. Terus patang atus telung puluh taun sakwisé nggawé prejanjian kuwi Gusti Allah ngekèki wèt-wèt sing kudu diturut. Nanging, ora jalaran saiki Gusti Allah ngekèki wèt-wèt kuwi terus prejanjiané ora mlaku apa ora kanggo, ora ngono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Maksutku ya kuwi perjanjian sing sak durungé wis disahké karo Gusti Allah kuwi ora kena dibatalké karo angger-anggeré Torèt, sing ijik ana sakwisé 430 taun, nganti perjanjian kuwi ilang kekuwatané.