Genesis 17:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Rama Abraham banjur mundhut Ismael putrane lan sakehe para abdi kang lair ana ing daleme sarta abdi kang sarana katuku ing dhuwit, sadhengaha kang lanang kang tinemu ana ing daleme, iku pada ditetaki ikute ing dina iku uga, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Abraham terus njupuk Ismaél anak lanang lan sakkèhé para wong sing lair ing omahé lan uga wong sing dituku karo duwit, ya kuwi saben wong lanang ing omahé, kuwi pada disunati ikuté ing dina kuwi uga, kaya sing dipréntahké karo Gusti Allah marang dèkné.