Genesis 18:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Yehuwah: “Manawa ing sajroning nagara Sodom Ingsun manggih wong seket kang mursid, mesthi sapanggonan kono kabeh Sunparingi pangapura marga saka wong seket mau.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI: “Yèn ing sak njeruhné kuta Sodom Aku nemoni wong sèket sing bener, mesti panggonan kono kabèh Tak wènèhi ngapura awit sangka wong bener mau.”