Genesis 18:28 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bokmanawi tiyangipun seket ingkang mursid wau wonten kirangipun gangsal, punapa margi saking tiyang gangsal punika Paduka badhe numpes sanagari sadaya?” Pangandikane sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes, yen Ingsun manggih wong patang puluh lima kang mursid.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Menawa wongé sèket sing bener kuwi ana kurangé lima, apa awit sangka wong lima kuwi Gusti bakal ngentèkké sak kuta kabèh?” Tembungé Gusti: “Mesti ora bakal Tak entèkké, yèn Aku nemoni wong patang puluh lima.”