Genesis 18:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rama Abraham isih meksa munjuk maneh: “Kawula kamipurun munjuk wonten ngarsa Paduka, bokmanawi ing ngriku namung wonten tiyang kalih dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes marga saka wong rong puluh iku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Abraham meksa ngomong menèh: “Kula ora pantes ngomong ana ngarepé Gusti, mbok menawa ing kono mung ana wong rong puluh.” Tembungé GUSTI: “Mesti ora bakal Tak entèkké awit sangka wong rong puluh kuwi.”