Genesis 18:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
dene kula keparenga mendhet roti sekedhik, kangge ngiyataken sarira; sasampunipun makaten, sumangga manawi badhe nglajengaken tindak, dene rak pancen makaten punika karsa panjenengan sami tindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.” Pangandikane tamu: “Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
mengko kula njukuk roti setitik, kanggo nguwatké panjenengan; sakwisé mengkono, panjenengan bisa nerusaké mlaku, awit panjenengan wis teka ing panggonané abdimu iki.” Tembungé dayohé: “Ya tandangana apa sing dadi karepmu!”