Genesis 19:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika para dayohé mau wis nuntun wong-wong tekan ing njabané kuta, sing siji ngomong: “Mblayua, slametna uripmu! Aja nolèh lan aja mandek babar pisan ing sak uruté legokan Yordan iki, mblayua menyang ing pegunungan, supaya kowé kabèh aja nganti mati.”