Genesis 23:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Panjenengan mugi miyarsakaken atur kula, dhuh bendara! Panjenengan punika wonten ing tengah-tengah kula ngriki kados dene raja agung; milanipun sumangga ingkang seda kula aturi nyarekaken wonten pakuburan kula ingkang pilihan, mesthi boten wonten panunggilan kula ingkang kawratan, pakuburanipun panjenengan agem nyarekaken ingkang seda.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Sampéyan rungokké tembung kula, pak! Sampéyan kuwi ing tengah-tengah kula kéné kaya ratu gedé; mulané kula lilani kono sing ninggal dikubur ana kuburan kula sing apik déwé, mesti ora ana sedulur kula sing kabotan, karo sampéyan kanggo ngubur sing ninggal ndonya.”