Genesis 26:31 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Esuke isih umun-umun banjur padha supaosan. Sawuse mangkono Rama Iskak ngutapake tamune kondur banjur padha bidhal nilar panjenengane klawan becik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Esuké ijik ésuk terus pada sumpah. Sakwisé mengkono Isak nglilani dayohé mulih terus pada budal ninggalké Isak karo apik.