Genesis 27:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature Yakub marang kang rama: “Kula Esap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Yakub marang bapaké: “Kula Esau, anakmu sing mbarep. Kula wis nandangi kaya préntahé bapak marang kula. Kula nyuwun bapak tangi lan njagong, terus mangan daging beburon sing wis kula masak, supaya bapak terus ngekèki berkah marang kula.”