Genesis 3:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Anadéné ula kuwi sing pinter déwé ing antarané kabèh kéwan-kéwan daratan gawéané GUSTI, Gusti Allah, ing kono ngomong marang wong wadon: “Mesti Gusti Allah ngekèki préntah marang sampéyan: Sampéyan aja mangan wohé sak rupané wit-witan ing taman iki! Apa ora ngono, ta?”