Genesis 3:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono GUSTI, Gusti Allah terus ngetokké tembung marang ula: “Awit kowé nglakoni sing mengkono kuwi, kowé kena paukuman ing antarané kéwan-kéwan ingon-ingon lan ing antarané kéwan galak ing ara-ara; mlakumu bakal ndlosor nlapak weteng lan lebu sing bakal dadi panganmu sakjeké urip.