Genesis 30:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wayah sore saulihe Yakub saka ing pategalan, banjur dipapag Lea karo matur: “Sampeyan dalu punika kedah tilem wonten ing panggenan kula, amargi sampeyan sampun kula sewa mawi woh dhudhaim gadhahanipun anak kula.” Dadine bengi iku Yakub turu karo Lea.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wantyi soré mulihé Yakub sangka kebon, terus dipapak Léa karo ngomong: “Sampéyan wengi iki kudu turu ing panggonan kula, awit sampéyan wis kula séwa nganggo woh dudaim duwèkké anak kula.” Dadi mbengi kuwi Yakub turu karo Léa.