Genesis 30:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dina kuwi uga Yakub terus misahaké wedus-wedusé lanang sing bléntong lan sing tutulen, lan sakkèhé wedus sing tutul-tutul lan blentong-blentong, sing ana putihé, lan tunggalé wedus gèmbèl sing ireng; terus pada dipasrahké marang anak-anaké supaya dijaga.