Genesis 31:35 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rakhel banjur matur marang bapakne: “Bapak mugi sampun ngantos duka, dene kula boten saged ngadeg wonten ngarsa panjenengan, margi kula saweg ewed kados salimrahipun tiyang estri.” Sanadyan Pak Laban anggone nggledhahi kalawan njlimet, ewasamono terafime meksa ora ketemu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Rahèl terus ngomong marang bapaké: “Bapak aja nganti nesu, yèn kula ora bisa ngadek ana ngarepé sampéyan, awit kula ijik éntuk kaya lumrahé wong wadon.” Senajan Laban ngglédahi karo njlimet, senajan mengkono retyané ora ketemu.