Genesis 31:41 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ngantos kalih dasa taun anggen kula ngenger, ingkang sekawan welas taun anggen kula ngengeri putra panjenengan estri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan ewah-ewahi ngantos rambah kaping sadasa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nganti rong puluh taun enggèn kula kerja, sing patbelas taun enggèn kula kerja kanggo anak sampéyan wadon loro, sing nem taun supaya olèh upahku njaga kewan, nanging upahku tansah sampéyan owah-owahi nganti kaping sepuluh.