Genesis 32:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Batur kang kapindho lan katelu lan kabeh kang padha nggiring pepanthan mau iya padha diweling kaya mangkono uga, tembunge: “Kowe padha matura marang bendaraku Esap kaya mangkono mau, samangsa padha ketemu panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Abdi sing kaping pindo lan kaping telu lan kabèh sing pada nggiring kumpulan mau ya pada diweling kaya mengkono uga, tembungé: “Kowé pada ngomonga marang bendaraku Esau kaya mengkono mau, yèn pada kepetuk dèkné.