Genesis 33:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yakub terus ngomong: “Aja ngono ta, yèn kula wis olèh kawelasan ana ngarepé sampéyan, gelema nampani pisungsung iki sangka tangan kula, awit bareng kula weruh praupan sampéyan, kula kaya waé weruh praupané Gusti Allah lan sampéyan gelem nampa kula.