Genesis 36:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene para turune Rehuel anake Esap yaiku: panggedhening golongan Nahat, panggedhening golongan Zerakh, panggedhening golongan Syama lan panggedhening golongan Miza. Iku para panggedhening golongan anake Rehuel ana ing tanah Edom; iku mau padha turune Basmat somahe Esap.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para turunané Rehuèl anaké Esau ya kuwi: penggedéné golongan Nahat, penggedéné golongan Sérah, penggedéné golongan Syama lan penggedéné golongan Misa. Kuwi para penggedéné golongan anaké Rehuèl ing negara Edom; kuwi mau turunané Basmat bojoné Esau.