Genesis 37:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng bab iki dityeritakké marang bapaké lan para seduluré, nganti dinesoni karo bapaké: “Impèn apa ta impènmu kuwi? Mosok ta aku, ibumu lan para sedulurmu bakal pada sendeku ing bumi ing ngarepmu?”