Genesis 37:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iki critane tedhak-turune Rama Yakub. Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Iki lelakoné turunané Yakub. Yosèf waktu umur pitulas taun, dadi ijik nom, kulina angon wedus bebarengan karo sedulur-seduluré, anaké Bilha lan Silpa bojoné bapaké, lan Yosèf kuwi ngomongi marang bapaké bab penggawé alané para seduluré.