Genesis 37:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Jubah kang endah banget mau dikirimake katur kang rama, kanthi diweling mangkene: “Punika anggen kula sami manggih. Sumangga, bapak kula aturi nitik, punika jubahipun ingkang putra punapa sanes?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Jubah sing apik banget mau dikirimké marang bapaké, karo diweling mengkéné: “Iki enggèn kula pada nemu. Bapak kula suwun nitik, iki apa jubahé anak sampéyan apa duduk?”