Genesis 38:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse antara lawas somahe Yehuda anake Syua ngajal. Bareng Yehuda wus lipur, banjur lunga menyang Timna nunggoni wong-wong kang padha mbathili wedhuse, bebarengan karo Hira mitrane wong Adulam.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ora let suwé bojoné Yéhuda anaké Syua ninggal ndonya. Bareng Yéhuda wis rampung kasusahan, terus lunga menyang Timna nunggoni wong-wong sing pada nyukur wedus, bebarengan karo Hira kantyané wong Adulam.