Genesis 38:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tamar banjur ngrucat penganggone wulanjar, sarta kudhungan nganti brukut, banjur mapan linggih ing gapura Enaim ing dalan kang anjog ing Timna, mulane mangkono awit weruh yen Syela wus gedhe, mangka ora diomah-omahake dadi sisihane Syela.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tamar terus salin sandangané randa, lan kudungan nganti brukut, terus mapan lungguh ing gapura Enaim ing dalan sing tekan nang Timna, awit weruh yèn Sela wis gedé, nanging ora diomah-omahké dadi bojoné Sela.