Genesis 38:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng digawa metu, wong wadon mau tumuli kongkonan wong kandha marang maratuwane mangkene: “Anggen kula ngandheg punika kaliyan tiyang jaler ingkang gadhah barang-barang punika.” Sarta ature maneh: “Sumangga ta panjenengan titik, sinten ingkang gadhah sesupe cap kaliyan kalung tuwin teken punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng digawa metu, wong wadon mau terus kongkonan wong omong marang maratuwané mengkéné: “Kula meteng kuwi karo wong lanang sing nduwé barang-barang iki.” Lan tembungé menèh: “Iki ta sampéyan préksa, sapa sing nduwé tyap ségel karo kalung lan teken iki?”