Genesis 39:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bendarane putri tumuli nggondheli klambine Yusuf kalawan ngandika: “Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambine ana ing astane bendarane putri mau sarta lumayu metu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nyonyahé terus nggondèli klambiné Yosèf lan ngomong: “Hajuk turu karo aku!” Nanging Yosèf ninggal klambiné ing tangané nyonyahé mau lan mlayu metu.