Genesis 40:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sakwijiné mbengi wong loro mau pada ngimpi, impèné déwé-déwé, ya kuwi juru ombèn lan juru panganan ratuné Egipte sing pada diukum ing pakunjara kono, enggoné ngimpi tunggal sewengi, lan tegesé impèn ya béda-béda.